SMK Bisa Hebat

  • Siap Kerja
  • Santun
  • Mandiri
  • Kreatif
Ono ing salah sawijine mongso lahir putro sing diwenehi jeneng sholih. Sholih iku anak seng taat, rajin, pinter, lan bakti marang wong tuwo loro. Ora tahu mbantah opo sing diutus wong tuwone, ora tahu ninggalno kewajibane, hormat marang wong tuwo loro, apik marang sedulur, sayang marang konco-koncone, ora tahu miloroni kewan lan ngrusak tanaman.
Sholih iku bener-bener anak seng apik koyo dungo wong tuwone seng ditempelno marang jenenge, yo iku sholih seng artine anak seng duweni tingkah laku apik. Apik marang tonggo teparo lan seneng mbantu marang sepodo.
Ono ing sijine wektu, ibuk’e sholih gerah utawi sakit. Sholih banget susahe, akhire sholih njaluk ijin marang gurune ora mlebu sekolah, soale ngrawat lan nunggoni ibuk’e seng sakit, lan mbantu ibuk’e opo ae seng dibutuhno ibuk’e. Soale sholih ora duweni pembantu, seng iso ngewangi ngrawat ibuk’e sholih. Banjur sholih tuku obat ning toko obat supoyo ibuk’e ndang cepet saras utawi mantun Sholih njupukno banyu ibuk’e kanggo ngunjuk obat
Sholih ; “monggo bu ngunjuk obat rumiyen”
Ibuk’e Sholih ; “yo cung matur suwun, sepurane yo cung goro–goro ibu, awakmu ora biso
mlebu sekolah’’.
Sholih ; “mboten nopo–nopo bu, sampun dados kewajiban kulo.

Sak wuse sholat shubuh sholeh di timbali ibune“
Ibuk’e Sholih ; “leh ..... sholeh .......”
Sholih ; “dalem bu...! wonten dawuh nopo bu?
Ibuk’e Sholih ; “lungoo neng pasar golek sayur–sayuran, woh–wohan sing seger mono yok
ilatku rasane kok pahit tenan.
Sholih ; “inggih bu”

akhire sholeh budal menyang pasar. Ono perjalanan sholeh ketemu Amir.
Amir ; “leh .......sholeh ........... arep neng ngendi kok esuk-esuk’an tenan??? ’’mrene leh
tak kandani, ora usah neng pasar. ayo dolanan wae.’’
Sholih ; “moh Mir sayuran lan buah buah di enteni ibuku kok ‘’kapan–kapan wae yo!!!!
“cekak cerita’’ ibune sampun saras sholih bungah banget. Lan dungo marang Gusti Allah, mugi-mugi ibuk’e diparingi kesehatan terus, lan dijogo dening Allah.
Sakwusi pirang–pirang tahun ahire sekolahe sholeh rampung, sholeh dadi wongkang unju yo kuwi dadi “Guru” cito–cito sing awit cilik ,di impiake. Sholeh pengen dadi guru sing iso di gugu lan di tiru, ngabekti marang Allah lan Rosul ugi ngabekti marang wong tuwo loro. Zaman sak iki jare zaman edan yen ora edan ora keduman, ananging cah sak bejo-bejo ne wong sing lali kuwi isih bejo wong sing eling ati–ati lan waspodo tegese senajan bocah– bocah ora tahu sinau tapi iso munggah kelas sing luwih dhuwur iku bejo tapi luwih bejo maneh yen bocah–bocah sregrep sinau, iku mau tuladho bucah kang tansah ngabekti marang wong tuwo loro, akhire dadi bocah kang unju, mulyo ono ndunyane lan akherate, mugi–mugi kito iso dadi putro–putri kang sholeh lan sholehah. Aamiin.

Sekian dan terima kasih . . . . .!!!

Salam hangat untuk kalian yang membaca

Post a Comment

Selamat datang di situs resmi kami, jangan lupa memberi komentar dan saran agar kami bisa menampung dan membenahinya
terima kasih !!

Previous Post Next Post

Post Top Ad

SMK Kehutanan Wali Sembilan Tuban